Drama Bahasa Jawa



ASMA ANGGOTA KELOMPOK LAN PERANNE :
1.     KIKI TRANSISKA                            : DALANG
2.    ACHZANA ILHAMI                          : DAMAR WULAN
3.    VERDI FAJAR SURYANTORO          : PATIH LOGENDER
4.    ALDO KURNIA PUTRA                     : MINAK JINGGO
5.    LISA WIDYA ALVIONITA              : RATU AYU KENCANA WUNGU
6.    CHIKA HIRDA MILENA                   : DEWI ANJASMARA
7.    LAILIA ANITA SARI                      : DEWI WAHITA
8.    CLAUDIA PUTRI PITALOKA           : DEWI PUYENGAN
9.    MALYNDA PUTRI PRIMADANA      : LAYANG KUMITIR
10.  RAHAYU DIA PERMATA  SARI      : LAYANG SETA

Dalan Cerita
DALANG
Damarwulan yaiku putra saka bekas Patih Majapahit yaiku Udara. Damarwulan dilahirne lan digedhikne ing desa Paluhamba ing ngandhape asuhan ibu lan kakunge  yaiku Begawan Mustikawaya. Nuruti dhawuhe kakunge, dheweke menyang istana Majapahit nggolek penggawean . Ning kono Damarwulan ngabdi marang pak lek,e , Patih Logender.

Patih Logender      : Dadi, kowe sing jenenge Damarwulan saka Paluhamba?
Damarwulan           : Inggih tuan patih. Kula Damarwulan dhateng pertapaan Paluhamba.
Patih Logender      : Yo wes Damarwulan,apa tujuanmu teka ing Majapahit lan gawe opo kowe nemoni aku?
Damarwulan           : kula sengaja ngadhep tuan patih margi petunjuk eyang Begawan    Paluhamba supaya saget nambah pengalaman urip kalian menghamba  teng tuan patih.
Patih Logender      : Damarwulan, menghamba ing Majapahit iki ora gampang kaya mbalekne dlamakan tangan . apa kowe gelem karo penggawean sing tak wenehne mengko?
Damarwulan           : Pendamelan napa niku tuan patih? Kula badhe usaha nglaksanakaken kanthi sae.
Patih Logender      : penggawean sing arep tak wenehne neng awakmu yaiku dadi tukang kebun lan ngurus jaran keraton. Kepriye Damarwulan?
Damarwulan           : Inggih tuan patih, menawi kula dados tukang kebun lan ngurus jaran mboten nopo-nopo , kula badhe nglaksanakaken titah tuan.
Patih Logender      : Lak mengkono pancen apik Damarwulan, kowe bener-bener ksatria sejati, ora isin karo penggawean sing dianggep hina.
Damarwulan           : sakniki napa sing saget kula tindakaken?
Patih Logender      : lakoni tugasmu padha karo sing tak perintah mau.
Damarwulan           : Inggih tuan.
DALANG
Patih Logender ,sing ora pengen Damarwulan saingan karo anak-anak e dewe , akhire ndadeake Damarwulan dadi tukang kebun lan tukang jaga jaran keraton. Ing pengabdiane Damarwulan kesiksa banget , sanadyan keponakane dewe ,karo Logender Damarwulan didadeaken kaya jongos. Kanthi kesangsaraan iku, Damarwulan nerima siksaan lan hinaan.Ditambah kalian putra  Patih Logender  kajaba Dewi Anjasmara, putrine Patih Logender kang tresna marang Damarwulan wiwit ketemu.

Layang Seta : Hey, kowe jongos kerataon sing anyar. Nyapo jaranku durung di pakani, kowe pengen jaran-jaran ku mati keluwen , ha…!!!
Damarwulan  : Sepuntene tuan, kula nembe mawon mbabat suket, lan dereng sempet nyukani suket teng jaran niku.
Layang  Kumitir      : Oh … dadi kowe jongos keraton sing anyar, aku lan layang seta iku anak,e patih Logender,dadi kowe kudu manut ing perintahku lan layang seta, paham?
Damarwulan  : Inggih tuan, kula mangertos.
Dewi Anjasmara : Sapa bocah lanang kuwi? Ganteng temen.

DALANG
Wiwit pertemuan iku , suwe-suwe Damarwulan lan Anjasmara malih cedek lan pungkasane padha tresnane.Tapi, Patih Logender ora setuju hubungane Damarwuan lan Anjasmoro. Nanging, sakwise mriksani gedhine rasa senenge Anjasmara ing Damarwulan, Patih Logender akhire setuju. Sakwise, Patih Logender kepaksa ngecolne Anjasmara gawe digarwa Damarwulan masio ati ora lila.
Sakutara iku Majapahit dilanda pemberontakan saka Minak Jingga, adipai Blambangan sing ngumune yen dewek’e raja sing daulat lan nduweni gelar Prabu Urubisma. Inti pemberotakan niku, amarga Minak Jinggo pingen nggawa ratu Ayu Kencana Wungu tapi ditolak amarga pasuryane padha kaya buta lan pingin ngrebut tahta kerajaane.
Minak Jingga         : He , Ratu Kencana Wungu aku teka rene nglamar. Gelem opo ora nerima lamaranku ratu ?
Kencana Wungu : Pripun niki patih , napa sing badhe kula laksanakaken nerima napa nolak lamaran niki?
Patih Logender      : Sepuntene gusti ratu, miturut kula luwih sae yen lamarane adipati blambangan niki ditolak mawon,enten 2 alasan dugi kula,. Setunggal , amargi sederenge lamaran niki Blambangan sampun njarah wilayah Majapahit sing wetan. Kaping kaleh tindakan adipati Blambangan cetha yaiku pemberontakan nanthang pemerintah
Kencana Wungu      : Iggih patih, inggih semestine kula mboten nerimo lamaran niki. Sepuntene adipati Minak Jingga, sayange aku ora iso nerimo lamaranmu
MInak Jingga        : apa….. kowe wani nolak lamarnku ratu ii padaha kari ngina aku. Aku ora trimo karo tolak’an iki
Kencana Wungu      : Sepurane adipati uduk maksudku olak lamaran ki , tapi terae aku ora iso nerimo lamaran niki
Minak Jingga                   : Halah , kowe ora usah kakean alas an ratu , arepa tak perintah kabeh rakyat blambangan enteni ae balasanku . Hahahaha…

Dalang
Minak jingo ngalih lan siap gawe perang ngelawan Majapahit. Sautara iku ing Majapahit ngenekaken musyawarah gawe mbahas ancaman lan pinangan Minak Jinggo. Akhire ratu nggelar sayembara nggawe ngalahne Minak Jingga. Sapa sing iso ngalahne Minak Jinggo ape di dadekne garwane.

Layang Seta           : Tuanku ratu , luwih becik kito nyusun kekuatan prajuritdamel nggempur Blambangan
Layang Kumitir       : Lan miturut kula, pripun yen kito nyuwub kerajaan lintune , tuladhane kerajaan sriwijaya utawa kerajaan sunda damel numpas pemberontakan dugi Blambangan
Kencono Wungu : Terus pripun mituru Paman Logender ?
Patih Logender : Ngeten ratu , sampun miring pendapat, kula saget nyimpulakan bakal eneten peperangan kang ageng kang mboten saget di elakaken, pripun yen kita entenaken sayembara
Kecana Wungu : Sayembara ? sayembara napan Paman Patih ?
Patih Logender : Ngeten mawon gusti , sinten mawon seng saget ngalahaken Minak Jingga , yen jaler badhe di dadhosaken garwa ratu lan yen setri badhe didadhosaken seduluran kaleh ratu
Kencana Wungu : Paman Patih, sampun kula piker-pikir mboten enten dalan kang luweh sae , dadose kula nerima gagasan paman patih. Lak mengono laying seta lan layang kumitir budalo lan sebarno pengumuman sayembara iki ing rakyat Majapahit
Layang Seta lan Kumitir : Inggih ratu, kula badhe wara-wara sayembara niki.

Dalang
Sayembara wes diumumne ig kabeh rakyat Majapahit tapi ora ana salah siji sing mampu ngalahne Minak Jingga. Sampek ig bengi-bengi ratu nyupena yen seng iso ngalahne Minak Jingga yaiu bocah lanang sing jenenge Damarwulan terus Kencana Wungu nyeluk Damarwulan

Damarwulan : Sepuntene gusti ratu , enten napa njenengan nimbali kula ?
Kencana Wungu : Aku nyeluk amu rene gawe ngenehi amu tugas
Damarwulan :         Yen angsal kula priksa , tugas napa niku ratu ?
Kencana Wungu : Tugasmu yaiku ngalahne Minak Jingga lan nggawa rene urip utawa mati . Apa      kowe saggup ?
Damarwulan : Yen kula dipercaya , mugi-mugi kaliyan ijin Hyang Widhi , kula saget ngelaksanaken      gusti ratu
Kencana Wungu : Iyo wes , saiki siap-siap’o
Damarwulan : Inggih gusti , kula nyuwun pamit

Dalang
Damarwulan budhal nyusup ing Blambangan gawe nglaksanake tugas sing diwenehi ratu Kencana Wungu. Tapi , kebudalane Damarwulan ing Blambangan , meneng-meneng ditutne loro anak’e Patih Logender sing sakdurunge wis ngrencanakake sing jahat ing Damarwulan. Sampek akhire Damarwulan teka ing Kerajaan Blambangan.

Damarwulan  : Hei, Minak Jingga ! lak pancen kowe wani lawanen aku !
Minak Jingga         : Sapa kowe ? wani-wanine nantang aku !
Damarwulan  : Ngertia , hai pemberontak !aku Damarwulan utusan Ratu Kencana Wungu sing bakal mateni kowe !
Minak Jingga         : Ha..ha…ha….! percuma rene kowe gak bakal iso ngalahne senjataku wesi kuning
Dalang
Tukaran sing gedi iku akhire kelakon loro-lorone gentian tonyo-tonyo’an lan bales-balesan. Tapi , akhire Damarwlan kalah lan semaput amarga gada wesi kuning Minak Jingga. Sawise iku Damarwulan di lebokne ing penjara.
Tibak’e , kelorone selir Minak Jingga , Dewi Wahita lan Dewi Puyengan. Tresna ing kegantengane Damarwulan , loro-lorone ngobati catune Damarwulan, malahan Dewi Wahita lan Dewi Puyengan mbukak rahasia kesaktian Minak Jingga

Dewi Wahita         : Kekuatan Minak Jingga enek ing gada wesi kuninge. Dewek’e ora bakal iso apa-apa tanpa senjata iku
Dewi Puyengan       : Betul , lak pingen ngalahne Minak Jingga kudu njupuk purakane.
Damarwulan  : Terus kepriye carane aku iso ngrebut senjatane niku
Wahita lan Puyengan : Aku iso mbantu njupuk senjata iku.

Dalang
Bengine Dewi Wahita lan Dewi Puyengan nyolong pusaka wesi kuning wektu Minak Jingga kesirep. Pusaka niku terus diwenehne ing Damarwulan. Sakwise nduweni pusaka iku Damarwulan mbalik nantang Minak Jingga tukaran, Minak Jingga kaget wektu ngerti gada wesine ana ing tangane Damarwulan.
Minak Jingga         : Hei, Damarwulan ! pie caramu iso njupuk senjataku ?
( Damarwulan ora njawab , Damarwulan cepet-cepet nyerang Minak Jingga karo senjata gadha wesi kuning sing ana ing tangane ) Minak Jingga ora bisa nglawan serangane Damarwulan. Akhire , adipati Blambangan tewas kena senjata pusakane dewe. Damarwulan menggal sirahe Minak Jingga gawe di wenehne Ratu Ayu Kencana Wungu. Ing tengah dalan, Damarwulan di hadang Layang Seta lan Layang Kumitir. Bocah 2 kui pengen ngrebut sirahe Minak Jingga supaya bisa di akui dadi pemenang sayembara.

Layang Seta : He, Damarwulan wenehno sirahe Minak Jingga iku neng aku.
Damarwulan  : Ora kira tak wenehne sirahe Minak Jingga iki neng awakmu

Dalang
Tukaran ora iso dihindari, Layang Seta lan Layang Kumitir ngruyuk Damarwulan iso ngrebut sirahe Minak Jingga ,sakwise sirah iku di gowo neng Majapahit. Ajenge mempersembahaken sirah iku di padhosaken sang ratu, moro-moro Damarwulan teko lan mangkat nyampekne kebeneran.

Damarwulan  : Ampun gusti ! Kula sampun berhasil nglaksanakaken tugas kanthi sae. Nanging , menyang tengah dalan , moro-moro Layang Seta lan Layang Kumitir ngalangi kula lan ngrebut sirah iku saking tangan kula, ‘’ lapor Damarwulan.
Layang Kumitir:Ampun, Gusti ! dhawuhe  Damarwulan iku ngapusi. Kula kaleh Layang Seta kang menggal sirahe Minak Jingga
Kencana Wungu:Wis-wis, gak usah tukaran , saiki aku pengen bukti seng cetha. Sapa sing menang ing pertarungan iki berarti iku sing wis mateni Minak Jinggo.

DALANG
Kaliyan didheleng Ratu Kencana Wungu lan kabeh  rakyat Majapahit ,pertarungan iku kadadean kanthi seru.kabeh podho ngetokne kekuatan dewe-dewe supaya bisa menang. Pertarungan iku pungkasane dimenangne Damarwulan. Layang Seta lan Layang Kumitir ngakoni kesalahane lan mlebu penjara.

Kencana Wungu: Saiki wes kebukti awakmu sing jaya ngalahne Minak Jingga. Amarga iku saiki dak angkat awakmu dadi raja Majapahit lan dadi garwaku padha karo janjiku ing sayembara iku.

Damarwulan:  Nanging sepuntene gusti Ratu,pripun kaliyan Dewi Anjasmara, Dewi Wahita lan Dewi Puyengan?
Kencana Wungu:  tenang Damarwulan . aku restui awakmu gawe nikah karo Dewi Anjasmara,Wahita,Puyengan dadi garwa selirmu. Amarga kabeh iku wis berjasa ning awakmu.
Damarwulan: Matur nuwun gusti ratu ,kula badhe damel sikap adil,lan mboten sombong.

4 komentar:

  1. Cie Rahayu post kenangan jadi cowok =-V

    BalasHapus
  2. Welcome Bonus & Free Spins | Casino Roll
    Welcome Bonus 한게임 포커 클래식 & Free Spins. You will be prompted to 바카라 크리스탈 play your selection 먹튀검증 먹튀프렌즈 of slot games and have 카라 포커 your 온라인 바카라 사이트 first bet taken before playing for real money. This casino

    BalasHapus

INSTAGRAM FEED

@soratemplates